Kaca:Sandhal Goreng.pdf/55

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


panganan kang wis dadi gaweyane wong wadon, ya mesthi isin. Ananging simboke wiwit mau rewel terus, kaya bayi kang kurang diombeni susu. Mula anggone Boim mlaku menyang tujuwane direwangi karo nyengklak ducatine. Yen Mbokne ora akon njupuk pesenan, mesti dheweke bisa latihan dolanan rubik. Apa maneh sesuk bakal ana lomba rubik ing sekolahe. Dheweke wis kepingin banget nyandhang jejuluk juwara rubik ing SMA-ne.

Ora krasa dheweke kang isih ngrasa anyel iku wis tekan ing panggonane kang dituju. Tangane kang cilik iku wis nyangking kiwa-tengen tumpukan kerdus panganan pesenane simboke. Ba- tinewis lega anyelewis suda. Saiki mung kari bali ning omahe banjur latiyan rubik maneh. Pikire Boim, sejatine kabeh gaweyan iku yen ditandangi nganggo cangkem kang mingkem ya gampang. Sanalika dheweke mesem, ngguyoni polahe mau nalika padu karo simboke.

“Wah, sip iki. Ingkung wis dicangking, Simbok mesthi se- neng. Kurang apa maneh, ya?” batine karo pikerane dhewe kang sedhilit maneh bakal kebak rumus rubik iku.

“Oh, iya. Tuku pulsa kanggo ngenet mengko bengi.”

Boim nyawang kanthonge kang digemboli hp Blackberry du- weke.

“Mas tuku pulsa limang ewu IM3 reguler, ya,” ujare karongu- lungake dhuwit limang ewunan siji lan salembar ewon. Bubar kuwi banjur lungguh nyelehake gawane ing plataran kios.

“Sampun, Mas,” kandhane tukang jaga counter pulsa semaur saka sajeroning kios. Sakal Boim lunga.

Ibarate jambu, gaweyane Boim kanggo dina iki wis mengkel utawa kemampo. Wis gari dienteni sedhilit maneh wis bisa di- gopek. Atine kang dhongkol mau ya wis mari. Anggone mlaku saiki ya wis entheng, ora ana ganjelan. Ananging rasa bungahe iku ganti dadi rasa bingung. Dheweke lagi sadhar yen kerdus ing- kunge ilang sepuluh. Dheweke girap-girap, kaget sakonyong-ko- nyong kaya disamber bledhek. Boim saya bingung nalika anggone dheweke nututi kerduse ing counter tetep ora ketemu kasile. Sa- jake kerduse wis dijupuk wong edan kang lewat mau.

46 =