Kaca:Sandhal Goreng.pdf/56

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


Kaya disamber bledheg, atine sing wis bugah mau duma- dakan dadi ciyut lan mringkil dadi cilik. Dheweke wis ora bisa mikir maneh kepriye carane kanggo ngadhepi simboke sing galak kuwi. Buntetlansuntrut pikire. Boim wis wegah mulih ning omahe, ananging dheweke isih kudu ngeterake kerdus-kerdus kang isih dicangking dheweke. Lakune saiki kaya wong kang arep disunat, loyo.

Tekan omah dheweke weruh simboke kang lagi nggelar klasa ing ruang tamu. Dheweke gojag-gajeg arep matur karo simboke apa ora. Nanging atine tetep mantep omong apa anane. Kanthi ati-ati dheweke kandha karo simboke.

“Mbok,” celathune Boim

“Hmm..!”

“Mbok..!” Boim nyelukake maneh.

“Apa? Kepriye ingkunge?” simboke takon rada nyentak.

“Mbokingkunge ilang sepuluh,” wangsule Boim karo ndhing- kluk

“Apa kandhamu? Ilang? Bocah ora becus!”

“Anu, mau dijupuk wong edan ning counter.”

“Kebangetan kowe! Simbok ora trima. Pokokeijole kudu ana mengko mbengi,” saure simboke karo praupane sing muntab ora bisa kabendung maneh.

Cilaka temenan iki. Lagi arep ngomong sanyatane, malah salah lan diseneni. Boim banjur mlebu kamare, nyoba muter utek golek ide supaya bisa entuk ijol ingkunge.

Bejane, Boim wis nemu cara kang diyakini dheweke bisa kanggo ngijoli ingkunge simboke. Dheweke banjur gage golek kunci motor, ngithik menyang Pasar Cebongan.

“Bu, wonten kerdus ukuran nembelas?” pitakone Boim karo wong wadon lemu kang ana ing njero kios.

“Wonten, Mas. Butuh pinten?”

“Sedasa, Bu.”

“Gangsal ewu.”

“Njih, maturnuwun.”

mn AT e