Kaca:Sandhal Goreng.pdf/59

Kaca iki durung katitiwaca

Ngeyel

Andrasari Setyaningsih

TI

  1. Hoeêk..... hoek....so00001,” dina iki swara kuwi wis kepru-

ngu kaping telu disusul isi wetenge kang uga melu metu. Ibune mung nunggoni neng jejer peturon sing dienggo nyelehake awake, Awake lemes banget. Jan-jane Aji mung kena masuk angin na- nging wis kasep. Lara kaya ngono kuwi mung sepele nanging bisa gawe laraning awak kaya Aji iki mau. Aji mung mbesengut wae amarga ora bisa dolan karo kancane. Nanging, arep diapake maneh kabeh kuwi mau amarga kaluputane dhewe. Pikirane Aji mblayang bali mundur telung dina kepungkur.

“Krompyang..... ...,” swara nyalawadi mau gawe kagete Aji. Dhewekelagi dhong menawa dheweke nendhang wadhah sing dienggo pakan bebeke Lek Tugimin nganti wadah kuwi ngglun- dhung adoh. Ora mung midak lan nendang wadah pakan kuwi mau nanging sing luwih parah kathoke ijo uga gluprut pakan be- bek. Kadadeyan kuwi samsaya gawe atine tambah mangkel amar- ga dina kuwi panase sumelet. Dheweke mung mbesengut, yen ditakoni wong liya mung meneng wae.

“Wuh, dina iki kok yo panas banget ki ngapa, to? Arepudan, po yo?” grundele Aji karo mbesengut.

“Panas-panas ngene nak yo malah bisa nggo mepe kasur ro gombal, to?” sumaure ibune.

“Hla ning kan panas, Buk!”

“Sing penting dimanfaatke panase wae, to!”

Dina iiku, ibu lan anak lanang kuwi mau anane mung padu wae. Minggu awan kuwi pancen hawane panas banget. Embuh

me 50)