Kaca:Sandhal Goreng.pdf/60

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


margo gununge arep njeblug, apa merga kaya sing lagi nge-trend yaiku ananing global warming. Kabeh wong ora ngerti apa sebabe dina kuwi hawane krasa panas kaya mlebu ing njero keren sing lagi dinggo gegenen. Anane kabeh wong mung sombat-sambet kepanasen kayadene Aji iki. Ora mung sambat kepanasen wae naging ugo akeh wong sing padu.

“Ting.....ting....ting...., dhawet... dhawet ayo ayo dhawet dhawet.”

Keprungu swarane bakul dhawet sing liwat ngarep omahe Aji. Gage-gage dheweke mlayu nututi.

“Pak tumbaaaas!” bengoke Aji

“Piro, le?”

“Tumbas telung gelas, Pak!” Gleg...gleg....gleg,” dhawet telung gelas kang uwis ditam- pa kuwi mau sakal dienteke Aji dhewe ing teras omah sinambi ngadhep kipas angin sing lagi mubeng banter. Dheweke mba- yangake yen ono salju mesthi wae dheweke ora kepanasen lan bisa dolanan saben dina ono ing es sing wernane putih resik kaya kapas. Ora watara suwe, langitekang mau padang jingglang malik dadi peteng dhedet, angine gedhe, lan kasusul udan deres sing deres banget.

“Wah ora ngepenake uwong tenan iki. Aku ki mengko arep es renang je malah udan deres banget!” grundelane Aji karo tam- bah mbesengut.

“Buk...Ibu, ayo aku diterke latiyan renang!” “Jan bocah, ngerti udane deres banget kaya ngene kok yo malah kon ngeterke renang, pelatihe ki ora teko nek udane deres aya ngene!” saureibune sing mlaku saka pawon karo marani Aji. “Wah Ibu, ki. Aku le bisa renang ming dina iki wong nek

dina liyane aku ki sekolah terus!”

“Wowis...... cah ngeyel. Nekudan ki yoneg omah wae, tu- ru, rasah nang endi-endi!”

“Lha Ibu ki wong jaman biyen, to. Jaman mbiyen ki bedo karo saiki, Buk! Saiki ki jaman reformasi lan demokrasi, Buk!” sumaure karo sok kuminter,

4,



me 51