Kaca:Sandhal Goreng.pdf/61

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Welha bocah ki ngeyel temenanan. Nggaya, ndadak ngang- gojamanreformasi karo demokrasi barang. Yo wis mengko nung- gu nek wis rodo terang!”

Ibune kang semu mangkel banjur mlebu pawon. Ibune uga mung grundelan wae amarga bocah jaman saiki wis beda karo bocah jaman biyen. Saiki bocah wis wani ngeyel marang wong tuwa.

“Bu, wis terang udane, Bu. Ayo aku gek diterke menyang kolam renang!”

“Iki urung terang, Le! Sabar, iki Iho wong Ibu lagi asah-asah. Mbok kowe kuwi ngewangi aku! Ora mung ngeyel wae!”

“Wah Ibu ki piye, to. Janjine mau nek wis rada terang aku njur diterke neng kolam renang! Emoh aku nek asah-asah!”

“Gurune renang ki nek udan ora ana. Kancamu ya mesthi ora dha mangkat!”

“Wah pokoke aku kudu diterkerenang!” pandheseke Aji kan- thi mbesengut.

“Yo wis, Ibu tak siram dhisik! Kowe gek ndang siap-siap!”

Udane durung trenceng,. Langite isih katon peteng lan hawa- nesamsaya adhem. Naging, kapeksa ibune Aji enggal-enggal nge- terke menyang kolam renang. Ibune Aji trimo ngalah ngeterake anake lanang sing ngeyel dikandhani mau. Sakwiswe rampung cepak-cepak, ibu lan anak lanang kuwi mau banjur menyang ko- lam renang nganggo mantol ijo sing ana ing nduwur undhak-un- dhakan omah mau.

Tekan kolam renang Aji dheleg-dheleg nggoleki kancane lan guruneles renang. Digoleki tekan ngendi-ngendi guru lan kanca- kancane ora ana.

“Buk, kok kancaku ora ana?”pitakone Aji marang ibune.

“Lha kowe maunak yo wis dikandhani, ta. Isih tetep ngeyel wae. Yo sik tak takokke neng nggon informasi!

Aji mung nunggu ing motore kang diparkir. Sawetara wektu ibune ditunggu. Wusanane ibune ngandhani yen dina kuwi les renange prei amarga udan deres. Aji tetep ngeyel pengen renang dhewe. Ibune wis ora bisa mbendhung kekarepane Aji.

me 52 me