Kaca:Sandhal Goreng.pdf/62

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Buk, aku tak renang dhisik ya!”panjaluke Aji sing wis ke- bacut gela amarga ora duwe kanca renang.

“Yo wis, ora sah suwe-suwe,” wangsulane ibune sing ora bisa menggak maneh kekarepane anake sing ngeyel banget.

“Byurrrrr......,” banyune banjur nyiprat. Aji nyegur ing ko- lam renang mau karo salto. Banyune krasa adhem lan seger ke- tambahan grimis sing ora leren-leren. Wong-wong sing padha renang ing kono iku uga mung setitik amarga udan lan adhem.

Wis limolas menit anggone Aji renang. Dheweke wiwit ngra- sakake ana sing ora kepenak ing awake. Sirahe mumet, wetenge lara, lan dheweke kepengin mutah. Kahanan mangkono mau ora gawe dheweke mentas saka kolam renang, kepara tetep ngeyel mbacutake anggone renang. Suwe-suwe sirahe krasa mubeng- mubeng. Dheweke namatake Ibune nanging sing ketok mung ko- nang-konang sing banjur gawe pet-petan pandelengane. Isih sem- patcekelan pipa ing pinggir kolam renang, sabanjure, kabeh dadi peteng lan abot.

“Byur,” Aji semaput. Ibune bingung meruhi anake sema- put ono ing banyu. Gage-gagewong-wong sing renang ing kolam mau nulungi Aji. Dheweke banjur digotong ing pinggir kolam. Ibune mung bisa nangis amarga meruhi anake sing semaput kuwi mau.