Kaca:Sandhal Goreng.pdf/63

Kaca iki durung katitiwaca

Guwa Payaman

Eva Marlina

TI

Jengki, ijo, dhuwur, lan duweni bel sing unine kring-kring”. Kuwi pit sing diduweni Nina. Pit sing ditumbaske bapak lan ibu- nenalika dheweke munggah kelas 4 SD. Bapak lan ibune numbas- ke pit Nina amarga bijine apik nalika tampa rapot unggah-ung- gahan.

Nalika kuwi Nina diajak bapake tuku pit ing Gondomanan. Mangkate, Nina lan bapake bareng pakdhene numpak mobil amarga pakdhene nyambut gawe ana ing cedhak Gondomanan. Sawise tekan toko pit, bapake banjur numbaske dheweke pit mini warna ungu. Nanging Nina ora gelem amarga dheweke njaluk pitkang padha kagungane eyang kakunge. Emane, wis ora ana pit kang dikarepake dening Nina. Wusanane dheweke ditukokake pit sing beda.

Ing sajroning ati Nina jengkel banget. Nanging, sing digoleki pancen ora ana.

Sore iku uga, sawise tekan ngomah. Nina nganyari pite. Di- enggo mubeng-mubeng ana ing plataran omahe.

“Wuss, sik pite anyar. Ngati-ati le numpak, engko tibo Iho, Nok,” ngandikane Mbak Ponirah marang Nina.

“Heem, Mbak, aku ngati-ati kok mbak, ndak pitku lecet. Me- sakke, isih anyare,” wangsulane Nina dibarengi ngguyu.

“Woadhoh, dumeh sik pite anyar, yo wis Nok, aku tak nem- pur sikik ono ing nggone mbok Rah,” pamite mbak Ponirah.

“Oh, yo kono mbak, aku titip pesen yo mbak, engko Banu kon dolan mrene yo!” panjaluke Nina.


me 54 me