Kaca:Sandhal Goreng.pdf/64

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Yoh, engko tak omongne,” kandhane mbak Ponirah,

Watara setengah jam, Banu wis tekan ngomahe Nina. Banjur Banu takon marang Nina,” Nin, ngopo aku kok dikon mrene?”

“Yo rapopo kok, mbok kowe ki dolan-dolan. Ora mung ndhekemneng ngomah, Nu, ”wangsulaneNina sinambi geguyon.

“Wahla, kowe ki koyo ora ngerti aku. Aku ki ora entuk metu dening ibuku, yen ora kepepet banget,” critane Banu marang Nina.

“Oalah ngono to, Nu. Nanging aku pengen dolan karo kowe lan kanca-kancae, Nu. Kae lho neng guwa payaman. Suwe ra mrono, je. Saiki koyo ngopo, yo?” pitakone Nina.

“Emm...yarapapa. Turaku tak pamit ibuku sik. Ah, mosok ning guwa payaman, ta? Mesthi isih akeh memedine, Nin. Wedi aku,” kandhane Banu ngambali rasa atine sing mangu-mangu.

“Ealah, Banu-Banu. Kowe ki lanang kok jireh. Wong yo akeh kancane, kok.”

“Yoh, tenan lho. Ngajak wong akeh. Aku tak pamit ro ibuku sek. Banjur tak rembugan karo kanca-kanca,” wangsulane Banu rada semangat,

“Siip..”

“Eh, kok ndengaren Nin, kowe ngajak dolan. Arep pamer pit ki ambu-ambune,” guyone Banu.

“We, ora yo. Kowe ki nek ro aku mbok ra suudzon terus. Aku ming pengin dolan wae sinambi pit-pitan,” wangsulane Nina karo ngguyu rada mongkog amarga Banu wis ngerti menawa dhe- weke duwe pit anyar.

“Lharak tenan. Eh, uwis yo. Aku tak bali sik. Mundhak digo- leki ibuku. Wis surup, ki,” pamite Banu.

“Oh, yo kono. Ngati-ati yo Nu!” pesene Nina.

Dina candhake, Nina lan kancane wes padha rembugan. Ne- tepakejam 9 dina Minggu arep padha dolan menyang Guwa Pa- yaman. Panggonan kanggo nglumpuk ditetepake ing ngomahe Nina. Kanca-kancane Nina padha rembugan yen anggone mang- katmenyang Guwa Payaman arep padha nganggo pit, bonceng- boncengan. Banu mboncengke Nina, Tumini mboncengke Tarti, Widodo mboncengke Sumi, Tukiyem mboncengke Parto.

me 55