Kaca:Sandhal Goreng.pdf/65

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


Ing wektu kang wis ditemtokake, amarga anggone Nina ta- ngi kebyaran jam 9 Nina lagi wae wiwit sarapan kamangka kang- senane arep nglupuk ing omahe Nina jam 9.

“Na...Nina. Sido dolan ora?” bengoke Tumini dibarengi kan- ca-kanca liyane.

“Iyo, Nin. Sido dolan ora, je?” sambunge Banu luwih sora.

Gandheng Nina lagi sarapan, ibune Nina kang nemoni kan- ca-kancane.

“E, dhenok, thole. Nina nelagi wae sarapan. Dienteni sedhelo yo, Nok, Le,” ngendikane ibune Nina.

“Oh, injih, Bu,” wangsulane bebarengan karo kewuhan amar- ga bubar bengok-bengok.

Ora watara suwe, Nina wes rampung anggone sarapan.

“Bu, kula sakanca badhe bidhal rumiyin,” pamite Nina lan kanca-kancane marang Ibune Nina.

“O0, yakana. Padhangati-ngati, Ndhuk, neng ndalan, Lenge- pit turut pinggir. aja padha gojekan. Le bali ojo kesoren, ya!” pe- sene ibune Nina.

“Nggih, Bu,” wangsulane Nina lan kanca-kancane.

Watara setengah jam, Nina lan kanca-kancane wis tekan Gu- wa Payaman. Amarga mangsa udan, kudu tansah ngati-ati, da- lanelunyu, cilik, uga lumuten, Saliyane lumuten, akeh watu-watu ne, lan godhong pating slebar ana ing ngendi-ngendi.

Kiwa tengen akeh uwit dhuwet lan ing sisih lor uga sisih ku- lon ana grojogan. Ing sisih kidul, ngisoruwit ringin seng wis umur atusan taun, ana sendhang sing biyasane tansah dienggo adus dening wong sakiwa tengen papan kuwi. Kajaba iku, ana kalen- kalen cilik kang banyune tansah kumricik. Nambah suasana en- dah lan atis.

Nina lan kanca-kancane pengin menyang Guwa Lanang. Amarga during afdhol yen menyang Guwa Payaman during tilik Guwa Lanang. Nanging, yen menyang Guwa Lanang kudu ngli- wati talang. Nina lan kanca-kancane banget wedi yen dikon ngli- wati talang. Amarga wis tau dicritani a-marhum eyange Tumini


me 56