Kaca:Sandhal Goreng.pdf/66

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


ngenani kedadeyaning talang kuwi wektu zaman penjajahan Wa- anda.

Kaya wong kurang gaweyan, Nina nyandhet lakune kanca- ancane. Banjur dheweke nyritakake kedadeyan nggegirisi ing papan kuwi. Ing zaman Walanda, ana sawijining penduduk desa liwat anaing talang iku mau, dheweke tansah kesusu, saenggo ora ngati-ati. Amarga ora ati-ati dheweke kepleset ngidhak talang sing lunyu turlumuten. Dheweke tiba kecemplung ana ing kalenan sing jero sangisor talang. Kamangka ing kalenan mau akeh watu-watu cadas sing lincip-lincip. Keprungu kabar, sirahe wong mau remuk an mati. Nganti seprene, crita sing sumebar ngandharake mena- wa arwahe wong mau isih gentayangan medheni wong sing pa-


dha liwat talang mau.

Satemene, talang kuwi digawe dening bangsa Walanda kang- go dalan pintas menyang Pasar Semampir. Nanging sawise mar- dika, talang mau ora kerumat. Pring-pringewes padha lapuk ora kerumat tekan saiki. Mula yen liwat ana ing talang kudu tansah ngati-ati. Pite ora bisa ditumpaki, kudu dituntun. Mlakune uga kudu siji-siji. Ora bisa jejer-jejer.

“Alhamdulillah, wis tekan. Deg-degan aku mau pas ngjli- wati,” kandhane Tukiyem.

“Ho...o0 padha, aku ora mung dheg-dhegan, Malah mrinding aku,” semaure Tarti.

“Eh, ya padha thenguk neng kono kae,” kandhane Nina.

“Ya, ketoke panggonane penak,” setujune Widodo.

Banjur, Nina lan kanca-kancane padha thethenguk ing pang- gonan kuwi mau padha ngaso lan uga gegojekan. Padha ndelok sesawangan kang endah kang ana ing sacedhake kono. Swaraning kemricike banyu nambah endahing swasana.

“Wah, ketoke dhuwete kae wes dho irenge. Opek, yuk,” kan- dhane Nina karo nuding wit dhuwet kang ora adoh saka pang- gonanelungguhan.

“Hanmnjug sik arep opek sopo? Iki lak ora isa dho menek, ta?” wangsulane Tarti.

me 57