Kaca:Sandhal Goreng.pdf/68

Kaca iki durung katitiwaca

Buta Krincing

Afifah Nur Laehy

TG

“Matek aku, kudu piye, Cah?” grundelane Tuminem ma- rang Painem.

”Halaaaaah ngapa. Rasah dipikir, ra penting,” wangsulane Painem.

Tuminemsajane lagi mangkel atine. Dheweke menang dadi juwara 2 lomba njoged tingkat DIY, nanging bebana sing mung 250 ewu, kamangka ing pengumuman dheweke entuk 1 yuta. Banjur dhuwit sisane neng endi.

“Eh kamangka, ki aku kepengin tuku barongan tak anggo njoged nang Jathilan Parang Sewu, piyeiki?” ujareTuminem ma- rang Sariyem.

“Lah, gara-gara Pak Jumadi mosok dhuwite dewe dikroupsi, ta? Iya ora? Ah, mesti ngono mosok kudune entuk 1 yuta, malah mung entuk 250 ewu,” mengkono grenenge Sariyem.

GrundelaneTuminem ora rampung-rampung. Ing omah lan sekolahan saben wong dicritani ngenani babagan mau. Ing seko- lahan, pas lagi arep ulangan matematika, ujug-ujug Tuminem sakkancane dikon ngadep Kepala Sekolah lan Bu Tuti guru BP arep disidang nang ngarepe Pak Jumadi kanggo njlentrehake ba- bagan dhuwit bebana juwara. Ing ruangan kepala sekolah, kanca- kanca mung padha nangis. Nanging, Sarinem ora katon nangis mung nangis-nangisan pas didhukani dening kepala sekolah.

Tuminem wis ora mikirmaneh dheweke melu ulangan apa ora. Pikirane mung tumuju marang apa kang lagi diadhepi. Ing

me 59