Kaca:Sandhal Goreng.pdf/69

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


sajroning ati, Tuminem gela. Ngerti kaya mangkene dheweke ora bakal melu-melu Sarinem lan kanca-kancane sing ngributake dhu- wit 250 ewu asiling dadi juwara II lomba njoged seminggu ke- pungkur. Ya amarga kanca-kancane sing padha ngributake dhu- witjuwara sing ora genep 1 yuta kuwi, dheweke dadi melu-melu didukani karo guru lan kepala sekolahe. Sing dadi punjering per- kara, yaiku anane pitenah sing tumuju marang Pak Jumadi kang dianggep nilep dhuwit 750 ewu kang kudune ditampa Tuminem.

Judheg tenan Tuminem wektu kuwi. Kamangka kurang 2 di- na maneh dheweke arep nganakake ulang taune neng sekolahan. Dhuwit bebanane sing kudune 1 yuta kuwi arep digawe ulang taun lan tuku Barongan dianggo jathilan nang Parang Sewu.

“Mesakake Tuminem, ya. Kudune seneng malah dadi pu- yeng?” clathune Tukijo marang Sugi.

“Ya pancen kaya mengkono lelakone. Lha, kudu piye ma- neh,” wangsulane Sugi karo prengas-prenges.

“Yako, betooool kuwi,” sahure bocah-bocah liyane.

Dina candhake, esuk-esuk, Tuminem ditimbali Pak Kepala. Karo rada wedi, Tuminem ngadhep Pak Kepala.

“Kok mung aku thok sing ditimbali, kamangka Sarinem karo kancarak katut masalah. Nanging iki kok mung aku sing diundang, Aku....?” batine Tuminem ora mudheng karo sing lagi diadhepi.

Tuminem mlaku alon-alon karo mikir. Dheweke wedi mlebu nang ruang Kepala Sekolah. Nanging, pancen ora ana pilihan ma- neh. Wusanane, kanthi ati kang ora karuwan, Tuminem mlebu ruang Kepala Sekolah.

“Assalamu alaikum, Pak...,” swarane Tuminemrada nggre-



geli. “Waalaikum salam. Mlebu, Nduk,” wangsulane Pak Kepala. Durung rampung anggone nggregeli, Tuminem tambah ka- getamarga weruh Pak Jumadi wis ana ing ruang kepala sekolah, Pak Jumadi namatke Tuminem kaya-kaya arep ndukani maneh. “Aduh... Pak Jumadi, modar aku, asem kampret,” batine Tuminem karo rada misuh.

mw 60 =