Kaca:Sandhal Goreng.pdf/70

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Kene lungguha cedhak Pak Jumadi,” ature Pak Kepala.

Tuminem mung manthuk-manthuk. Sanajan wedi, Tuminem tetep njangkah maju lan lungguh sacedhake Pak Jumadi. Atine digedhekake. Ing batine mung ana pepinginan siji arep njaluk ngapura karo Pak Jumadi amarga dheweke lan kanca-kancane wis ndakwa Pak Jumadi ngunthet dhuwite. Durung rampung anggone nata ati, Pak Jumadi tumili ngendhika, “Tum, koe isa takapura, nanging sesuk pas tanggal 31 Agustus koe kudu gelem nganggo kostum njoged kuwi lan njoged nang ngarep lapangan Basket pas upacara.”

Pak Jumadi ngendhika karo suwara sing mrebawani sinambi nuduhake sandhangan buto sing kudu dianggo njoged.

“Ah... nopo Pak? Wadhuh, isin lingsem, Pak nak ngoten,” saure Tuminem kanthi kaget lan bingung.

Tuminem wis ora bisa mikir maneh. Atine bingung banget. Ing pikirane mung kelingan menawa tangal31 Agustus kuwi tang- galulang taune, nanging dhewekekok nampa paukuman sing abot kaya mangkono.

Wusanane, gelem ora gelem Tuminem kudu gelem. Esuk, awan, bengi Tuminemlatiyan njoged. Ing pikirane, dhewekenga- jap supaya bisa diapura dening Pak Jumadi. Pas tanggal 31 Agus- tus, sabubare upacara, Tuminem njoged Buto Krincing ing te- ngahing lapangan. Kepala sekolah, guru-guru, lan kanca-kancane padha namatake anggone njoged.

“Ya Allah, isin tenan aku,” batine Tuminem sinambi nerusa- kenjoged.

Bareng anggone njoged wis kringeten lan meh rampung, du- madakan iringan gendhing diganti lagu “selamat ulang tahun”. Kepala sekolah, guru-guru, lan kanca-kancane padha nyanyi si- nambi keplok-keplok. Sedhela, Tumiyem isih kamitengengen, nanging dheweke banjurrumangsa menawa lagi digarapi dening kanca-kancane kanggo ngrayakake ulang taune. Sakal njogede mandheg, Tuminem dheleg-dheleg karo mbrebesmili. Nanging, atineuga seneng amarga kostum buto krincong sing dianggo njo-

mble