Kaca:Sandhal Goreng.pdf/72

Kaca iki durung katitiwaca

Ndhen...Sindhen

Herlin Safana

D A

“Ndhen... aku njaluk spidol!” swara iku keprungu penere saka mburine Jinah. Jinah kang rumangsa duwe spidol banjur nuju sumber swara iku. Eko kang lingguhe ana mburine Jinah banjur nyaut spidol kang ana ing tangane Jinah.

“Lho, kowe, ta, sing njaluk spidol mau. Lha ya kowe sing salah. ngapa ora nyeluk jenengku wae?” wangsulane Jinah rada jengkel.

“Halah, lha yo yen kowe mau krungu diceluk Jinah, ngapoa aku nganti nyeluk dhewekmu kanthi tembung sindhen,” saure Eko.

“Lha, ya maap ya. Aku maura krungu mbok celuk.”

“Memper yen kowesuda rungon, amarga saben dina mung keprungu swara sero kaya yen lagi nyindhen. Bener, ta?” kandha- ne Eko karo mbalekke spidol ing dasgripe Jinah.

Lagi wae pacelathone bocah loro mau lagi gayeng-gayenge, dumadakkan ana wong nyedhaki. Wonge dhuwur kanthi brengos kandel nggedibel, nyedhaki Jinah.

“Saiki kowe maju. Ayo kae digarap sing nomer 7 ora malah


ramewae...!”

Jebul Pak Jarwa, guru matematika sing kondhang galak, ndhawuhi Jinah nggarap tugas ing papan tulis. Atine Eko rada ayem, amarga dudu dhewekke sing didhawuhi maju nggarap ing papan tulis. Banjur, kanthi deg-degan Jinah maju lan nggarap soal matematika sing angele nggudubilah.

m63