Kaca:Sandhal Goreng.pdf/73

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


Lagi entuk telung baris, Jinah mandheg anggone nulis. Ban- jurspidolekanggo kukur-kukur sirahe. Sajake ana tuma sing lagi liwat galengan rambute, alias unyeng-unyenge. Bola-bali Jinah mengo marang Pak Guru, sajake dheweke kepingin omong yen Jinah pancen ora bisa nggarap soal iku. Wus nganti 5 menit, Jinah durung owah saka papan tulis. Pak Guru kang ngrasa welas ma- rang Jinah, banjur ndhawuhi dhewekke supaya lungguh.

“Jinah, anggonmu sinau dimempengi maneh, ya. Aja nganti ketinggal kaya mangkene. Ora mung nyindhen wae sing kokmem- pengke. Nyindhen kena, anaging aja nganti lali anggone sinau!” Pituture Pak Jarwa marang Jinah sing isih pucet amarga ora bisa nggarap soal.

“Nggih Pak, kula nyuwun pangapunten, nggih Pak,” wang- sulane Jinah kanthi rasa kang luwih ayem amarga Pak Jarwa ora nyeneni dhewekke.

“Thett... #heeett.....thecêtt....thett...”

Swara bel iku langsung gawe bungahe para siswa, amarga wektune padha budhal sekolah. Kaya dene meri kang diumbar ing mblumbang. Murid-murid banjurmenyang parkiran njupuk montor lan cepet-cepetan bablas bali.

“Nah, Jinah... enteni... aku arep takon marang dhewekmu!” Eko mlayu-mlayu ngoyak Jinah karo mbenakake tas sing nglem- breh-nglembreh.

“Takon apa maneh, Ko?” pitakone Jinah karo njegadul.

“Akumnjaluk ngapura, ya. Mau yen aku ora ngajak dhewek- mu pacelathon mesthi ora didhawuhi nggarap soal ing papan tu- lis,” kandhane Eko kanthi melas.

“Halah uwis, aku yo ora kenapa-napa, kok,” wangsulane Ji- nah sinambi njikuk helm ing jok montore.

“Eh jarene kowe bakal pentas ing bale desa sesuk malem Re- bo, opo bener kuwi?”pitakone Eko gawe Jinah ora sida nyetater montore.

“Oh, ya pancen bener. Lha kowe ngerti saka ngendi?” Jinah takon kanthi rasa penasaran.

mn 64