Kaca:Sandhal Goreng.pdf/74

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


“Yongerti lah... Ahwis wae anggone omong-omong. Meng- kohbengi diteruske wae nganggoSMS, ya,” panjaluke Eko marang Jinah.

Jinah ora wangsulan, mung mesem karo nyetater montor Varione.

kak

Kaya gula ing njero lodhong kang lagi dirubung semut. Iku mau gambarane bale desa sing wis kebak segara manungsa nganti ora kena dibiyak, Swasana wengi iku wus ora nggumunake. Pan- cen benerwong-wong mau lagi ngrubung panggung sing dianggo wayangan. Penere malem rebo, acara syukuran amarga menang lomba kebersihan desa diramekake nganggo nanggap wayang. Sapa maneh sindhene yen dudu Jinah. Sindhen cilik sing melu ngramekake wayangan iku. Wanita kang pepacakane dhamis, gelungan mental-mentul endah, busana kang kerlap-kerlip mlebu ing panggonan prasmanan bale desa.

“Adhuh, sindhene kenes temenan. Kene-kene dhahar sikik, sadurunge pentas,” ujare Bu Lurah kanthi nyalami Jinah lan para niyaga liyane.

Jinah kecipuhan. Nanging, dheweke banjur cepet-cepet nata ati ora merga dialem nanging merga ora bisa nahan rasa seneng anggoneweruh sakehing suguhan ing meja prasmanan sangarepe. Ana abang kaya wajik, ana ijo kaya lemper lan putu ayu, uga ana kuning kaya masakane wong padhang. Cacahe ora mung sak wer- na, akeh banget. Yen dipangan sak RT mesthi cukup. Nanging iki mung kanggo nyuguh sak grup wayang sing mung ana dhalang, sindhen lan niyagane. Meh wae ilere Jinah ndleweramarga ngen- teni ora dimanggakke mangan panganan iku.

“Wah uenak tenan kuwi. Lha yo rugi yen ora dicicipi kabeh. Mung sepisan, ora bakal bakal bola-bali iki. Aduh...” grundele Jinah ing njero ati karo bola bali nyerot ilere sing meh ndlewer.

“Ayo Bapak-bapak enggal dhahar...mangga-mangga....,” swarane Bu Lurah mratandhani yen wayahe prasmanan wis di- wiwiti. Lha, iki sing ditunggu-tunggu Jinah. Njupuk piring, sen-


mw 65