Kaca:Sandhal Goreng.pdf/75

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


dhok porok, banjur nuju papan panganan, piringe dikebaki pa- nganan nganti kaya tumpeng robyong. Jinah terus lungguh jejer Pakdhe Sugeng penabuh gender.

“Walah-walah Jinah, apa ya entek. Walah memper yen je- nengmu Jinah. Yen ora genep sejinah anggone mangan mesthi durung marem,” ujare pak Sugeng karo mesem.

Jinah orawangsulan, malah methekut ngrampungkeanggone mangan.

“Oooeg.. ik... .ik...,” anggone glegeken Jinah kaya buta cilik sing lagi rampung mangan mangsane.

“IK... ik. .ik...aduh Pakdhe aku malah jeguken, piye iki?” pitakonane Jinah marang Pakdhe Sugeng.

“Kene-kene diombeni wedang anget, mengko rak mari!” wangsulane Pakdhe Sugeng karo nyekel gelas kang isine wedang anget. Diombeni wedang anget nganti 4 gelas, anggone jeguken ora mari-mari, kepara saya kerep.

“Lha iki piye, Pak Dhalang, sindhene malah jeguken, iki,” kandhane Pakdhe Sugeng marang Pak Dhalang.

“Wadhuh, iki piye, to iki, durung nganti pentas malah wis nyindhen, piye to iki,” grundelane Pak Dhalang karo gedheg-ge- dheg, sajakke mumet mikir anggone pentas.

“Lhaiki maujalarane piye, ta, kok bisa kadadeyan kaya mang- kene?” pitakone pak Dhalang marang Jinah.

“Ik... .ik...kula wau namung maem sakedhik, lajeng ceguk- ken kados ngeten pak, ik.. .ik..., wangsulane Jinah karo cegukken bola-bali.

“Sakedhik kepriye, ta Nduk, lha anggonmu njukuk panganan nganti sapiring ra kobet kok diarani sethithik,” kandhane Pakdhe Sugeng karo nata piring lan plastik panganan ing ngarepe Jinah.

Wong-wonging papan prasmananribut nggolekake sindhen kanggo ngganti Jinah sing wiwit mau le “nyindhen” ora meneng- meneng. Nanging, apa ya cukup wektu. Lan apa ya kanthi para pamiarsanesing kudu ngenteni anggone golek gantine Jinah. Apa yasindhen iku mung butuh wektu sak detik kanggo dandan, lan


mw 66