Kaca:Sandhal Goreng.pdf/77

Kaca iki durung katitiwaca

Kleru Nanging Bepja

Heredita Wedharingtyas Laksita Utami

D A

Sore kuwi, pinuju dina jumat tanggal 13 Maret 2009, aku ana jadwal latiyan tari ana ing Sanggar Pamulangan Beksa Sas- mintamardawa ing nDalem Pujokusuman. Kaya padatan, wanci jam 15.30 aku wiwit latiyan tari. Wektu iku aku latiyan tari Srikan- di Suradewati kang dina iku meneri wiraga utawi gerak tari sing pungkasan.

Nalika wayah ngaso, Bu Itut kang ngesuhi tari wektu iku nimbali aku karo mbak Galih.

“Mbak Dita karo Mbak Galih, menawa sesuk dina Minggu pentas tari Srikandi Suradewati ing Bangsal Sri Manganti gelem apa ora?” pandangune Bu Itut.

“Inggih, Bu,” wangsulanku bareng karo mbak Galih.

“Sesuk setu jam 15.30 latiyan tarine diterusake tekan pung- kasan ing daleme Bu Itut, nggih?”

“mggih, Bu!”

Wose, aku karo Mbak Galih nyendikani dhawuhe Bu Itut. Nanging, dina Setu esuke aku karo mbak Galih didhawuhi Bu Itut sowaning daleme saperlu latiyan. Latiyan ing daleme Bu Itutkang- go mantepake tarian, amarga aku karo Mbak Galih durung apal.

“Bu, menawi benjing badhe minggah pendapa kandos pundi caranipun amargi wekdal latiyan langsung minggah pendapa?”

“Sawise kapang-kapang tekan undhak-undhakan ndhodhok dhisik terus nyembah tumuli lungguh ing pendhapa. Diteruske lampah dhodhok udakara limang langkah nembe sila panggung,” mengkono wangsulane Bu Itut karo nyontoni.



mw 68