Kaca:Sandhal Goreng.pdf/78

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


Dina Minggu tanggal 15 Maret 2009 jam 08.30 aku karo Mbak Galih kudu wis tekan papan kanggo rias ing Bangsal Sri Manganti. Rong jam sak wiseiku, aku karo Mbak Galih wis rampung didan- dani. Gandeng acara pagelaran wis diwiwiti, aku wis siap beksa. Atiku dheg-dhegan sadurunge munggah pendhapa amarga wek- tuiku pengalamanku kang wiwitan beksa ing wewengkon kraton, Bangsal Sri Manganti kang meneh ora sadengah wong kang bisa beksa ing papan mau.

Saka wiwitan nganti pungkasan beksa aku karo Mbak Galih rumangsa “pede” lan nganggep jogedanku wis bener. Nanging, wektu “kapang-kapang” kok ana rasa sing ora kepenak nganti tu- meka “sembah”. Nganti rasa kerasa yen digeguyu para pangrawit sakwise rampung tari. Nganti rampung anggonku nari, aku du- rung mudheng apa kang kedaden nalika aku nari.

“Mbak, kok ana sing ngganjel wektu aweke dewe nari?” pitakonku marang mbak Galih.

“Iya, pa Dit?”

“Wah... iya, Dit. Aku lagi kelingan mau ki nek ra keleru gen- dhingera pas, je!”

” Paling, Mbak.”

“Mbak, mau ki kepriye kok bisa ora pas beksa ne karo gen- dhinge?” Pak Toro ngendika karo aku lan Mbak Galih.

“Menapainggih, Pak?” pitakonku marang Pak Toro sing nge- prak.

“Iya, mau ki anggone nyarungke keris telat rong etungan da- dine tekan pungkasaning gendhing ora pas karo jogedane.”

“Oh...mggih Pak, kula kaliyan Dita nyuwun pangapunten saderengipun!”

“Ya, ora dadi apa. Sesuk menawa beksa maneh kudu luwih ngati-ati anggone ngepasake wiramane.”

“Matur nuwun, inggih, Pak.”

Akukaro Mbak Galih dadine rada isin, mula banjurnyuwun pangapura karo Bu Itut amarga anggonku ngayahi jejibahan ora sampura.

mw 69