Kaca:Sandhal Goreng.pdf/79

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


“Nuwunsewu Bu. Kalawau dalem kekaleh angenipun nga- yahi beksa taksih wonten ingkang lepat,” aturku marang Bu Itut.

Ngendikane Bu Itut, “Ya wis ora papa amarga lagi pisanan pentas. Nanging, kesalahan anggone mbeksa mau menawa kang, mersani para turis domestik lan luar negeri ora bakal ngerti amar ga kesalahan mau kang bisa mangerteni ya paraga kang ngerti bab beksa lan gendhing. Malah aku ngaturake panuwun amarga nadyan salah anggone beksa tetep lancar dadi ora katon menawa anggone beksa ana sing salah. Mula sesuk menawa didhawuhi beksa maneh, Mbak Dita lan Mbak Galih kudu luwih ngatekake bab gendhing, dadi oramung apal anggone mbeksa nanging kudu ngerti wirama.”

Jebulane sing kleru orang mung tariane wae, nanging po- capan uga bisa salah. Paraga-paraga senioruga ana sing salah po- capane. Babagan mau ing ruang rias sakwise beksa biasane pada kanggo gojegan antaranae penari karo pangawit.

“Kepriye mau pocapane. Ora ditakoni asmane kok ngaku dhewe. Lha, wayang cara ngendi mau?” ngendikane Mas Papang, karo mesem.

“Lha aku ora apal amarga dakdakan. Ya wis sak ketemune anggonku omong ketimbang meneng wae kaya wayang bisu,” wangsulane Mas Anto karo nyengingis.

Gandheng anggone tata kostum tari wis rampung, para para- ga enggal arep padha bali. Ngendikane Bu Itut pancen benerme- nawa aku luwih nggatekake ngendikane, aku bakal antuk kalo- dhangan beksa maneh ana ing Bangsal Sri Manganti kanyata dina Minggu tanggal 18 April 2010. Aku, Rista, Mbak Ima, karo Mbak Galih dipercaya mbeksa Srimpi Pandelori maneh ana ing Bangsal Sri Manganti. Sabanjure, nalika dina Minggu tanggal 13 Juni 2010, aku, Rista, Mbak Ima didhawuhi mbeksa Golek Asmarandana Bawaraga maneh ana ing papan kang padha.

Saliyane seneng amarga didhawuhi mbeksa ing kraton, bu- barmbeksa nadyan kesel aku uga seneng pranyata akeh turis kang, padha ngajak foto bareng-bareng. Kadhang kala lucu uga amarga

ma 70)