Kaca:Sandhal Goreng.pdf/82

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


“Wee!!! Seka ngendi bengi-bengi, kok klayapan,” pitakone wong ronda mau. Wangsulanku, “Kula saking ngedemke pikiran ten kali rika, Pak, kaliyan ngisis.”

“Woalah bengi-bengi kok ning kali. Untung ora keli. Ya, wis kana gek bali,” jawabane wong ronda mau. Aku mung manthuk.

Tekan ngomah aku glethakan ing peturon. Suwe anggonku meneng, dumadakan aku kepingin maca komik sing lucu-lucu. Pas meneri maca, aku ngguyu nganti ngakak amarga komike lucu banget. Ora dinyana, ibuku wungu amarga kaget mireng swaraku sing mbrebeki.

“Linda kowe, ki dong apa ora. Iki wis jam pira. Wayahe wong padha turu!” ngendikane ibu karo rada duka.

Sawisekuwi, aku njalukngapura marang ibu. Maca komik tetep takterusake nanging aku nahan guyu. Ngantijam telu aku lagi krasa ngantuk, banjur turu nganti kebayaran. Aku tangi jam pitu.

Gage aku adus lan mangkat sekolah barengan karo adhiku.

Tekan sekolahan mesthi wae telat banget. Aku mlebu ruang BK. Guru BK duka banget.

“Wis ping pira wae kowe telat mlebu sekolah, Ora niyatseko- lah, pa!”

“Mboten, Bu. Ban motor kula wau njeblug wonten mergi.

“Alesan wae. Saben dina kok alesane padha wae.”

“Sakestu, Bu,” kandhaku karo nyengir.

“Lha, iya. Saestu nek ngapusi kowe. Wis ayo mlebu kana. Aja lali gawe surat ijin!”

“Njih, Bu. Maturnuwun,” semaurku lega banget.

Sawise aku gawesuratijin, banjuraku langsung mlebu kelas.

“Asslamualaikum,” salamku nalika mlebu kelas.

“Waalaikumsalam, Mlebu wae,” wangsulane Pak Bram, gu- ru kelasku.

“Nyuwun ngapunten, Pak. Kula telat mlebet sekolah,” atur- ku karo rada gemeter.

“Ya, ora papa. Mlebu wae, lha wis dadi pakulinanmu, ta, te- ka telat ing kelas,” wangsulane Pak Bram karo rada nyindhir.

wa a