Kaca:Sandhal Goreng.pdf/83

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


“Sajane omahmu, ki, ora adoh saka sekolahan. Nanging, kok mesthi telatwae. Ana apa sejatine?” pandangune Pak Bram ngam- bali ngendhikane.

“Imjih, Pak. Kula wau tangi kebyaran lajeng wonten margi ban motorkula bocor, Pak. Saestu. ....,” wangsulanku karo ngya- kinake Pak Bram.

“Kuwirak mung alesanmu wae, ta. Kene tak kandhani. Nek mbok terus-terusake anggonmu telat, becike sesuk maneh ora su- sah melu pelajaran!” ature Pak Bram duka.

Ora tekan semono, Pak Bram banjur ngendhika maneh karo ngundhat-undhat patrapku sing ora genah. Ngendhikane, “Kowe ki rak ning sekolahan kene kondhang ndugale ta. Apa kowe ora isin. Pinter we ora. Apa ya kowe arep ngeneiki terus!”

“Lha menawi niku sampun dados sipat kula saking bayi, Pak. Kula nggih gumun kaliyan awak kula niki. Sedherek-sedherek kula ugi sami sanjang menapa kula badhe dados preman ngenjing.”

“Mulane kuwi. Kowe gek ndang ngrubah sipatmu mu sing elek. Apa maneh kowe ya wis arep munggah kelas 3 SMA,” pa- ngandikane Pak Bram rada lerem,

“Njih, Pak, insya allah. Kula badhe ngrubah sipat kula. Kula badhe sinau lan kerep maca buku pelajaran, sanes buku komik supados mboten angsal jejuluk “kutu buku komik” malih. Kula kepingin angsal biji sing sae.”

“Ya, muga kekarepanmu kuwi temenan lan bakal kedadeyan,” mangkono ature Pak Bram ngarep-arep anggonku dadi wong sing ora males maneh.

Bubar kuwi aku radha dheleg-dheleg. Pas bubaran sekolah, aku mlaku bali karo mikir, “Apa bisa kuwi kabeh dak tindaka- ke???”


na TA mo