Kaca:Sandhal Goreng.pdf/84

Kaca iki durung katitiwaca

Bagus Tenan

Dinda Bela Pertiwi

D A

Dina Jumat sore, aku lan kancaku Yeyen lunga menyang, toko buku. Aku arep tuku buku lan maca buku nang kana. Ing tengah ndalan, aku ketemu karo bocah lanang, umure udakara 17 taun. Bocah kuwi katon grapyak.

“Dhik, arep nang endi? Kok barengan?” takone bocah lanang mau.

“Aku arep menyang toko buku, Mas,” wangsulanku.

“Alah, Dhik, golek apa kowe nang toko buku? Ngewangi aku nyapu wae kene,” tembunge si bocah lanang mau.

“Wah ya ora ngono, to Mas. Emang ning toko buku ana sing adol sate? Ora to? Aku nang toko buku arep maca buku, golek ilmu. Mengkono, Mas,” wangsulanku.

“Ya, manut, Dhik. Ati-ati, ya. Aja bali bengi-bengi,” ujare si mas mau karo nerusake nyapune.

Akulan Yeyen banjur nerusake mlaku ora ngrewes wong la- nang mau. Panggonan toko buku karo omahku ora adoh, dadi mlaku wae.

“Eh Din, kae mau masmu? Yen masmu, kok deweke nang kono? Sak omah karo kowe?” takone Yeyen marang aku.

“Hah? Sik endi? Aku iki ora duwe mas, kok. Anak tunggal gitu loh...” wangsulanku marang Yeyen sing kethok bingung.

“Lha koweki piye, to? Lha kae mau sapa? Sing mbok jak ngo- mong mau,” Yeyen ngambali marang aku kang sibuk ndhelok montor pating sliwer.


me 75 me