Kaca:Sandhal Goreng.pdf/85

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


“Oalah, kae mau, to? Tak kira sapa. Lha wong aku dhewe ora ngerti kae mau sapa,” wangsulanku

“Apa?? Lho kok isa? Kok ketok akrab banget karo kowe?”

“Mbuuuuuh ah. Aku ya bingung, je.”

Aku lan Yeyen isih bingung, sapa bocah lanang mau. Aku terus mikir.

“Eh, Yen. Aku saiki ngerti sapa, Si Mas mau,” kandhaku karo ngguya-ngguyu.

“Hah. Sapa, Din? Sapa?” takone Yeyen pengin ngerti.

“Yen ora salah, kae mau jenenge Mas Koko. Dheweke tang- gaku sing “ora kebak', Hahahaha...”

“Ha? Mosok, ta? Wah kamangka wonge nggantheng banget gitu loh. Meh wae aku naksir,” wangsulane Yeyen karo mesam- mesem. Aku karo Yeyen banjur nguyu bebarengan.

Ing njero toko buku, aku langsung nggoleki buku-buku kang- go sekolah. Aku nemu buku bahasa Jawa, wayang, lan liya-liyane.

“Din, bubar saka kene, gelem ora melu aku ngenet?” pita- kone Yeyen marang aku.

“Ya, manut aku. Emange kowe isa ngenet?” wangsulanku.

“Na sithik-sithik, lah, hehehe...”

Sawise kuwi, aku len Yeyen langsung ngenet nang warnet cerak omahku.

“Lha Din, kok komputere ora ana gambare? Wah rusak iki,” pitakone Yeyen marang aku.


“Oalah Yen, pantes wae kowe ora duwe pacar. Uwong turu mbok kira mati, komputer durung murup mbok kira rusak. Wis...wis. ..wWis....”

Aku banjur ngurupake komputer iku.

“Nah, Yen saiki wis ora rusak, hehehe...” gojege Yeyen

“Eh Dine, aku gawekke fesbuk, to!”

“Wah, kowe pancen gapfek temenan.”

Swise telung jam ing warnet, aku lan Yeyen banjur bali. Ing satengahing laku ana sms ning HP-ku. Banjur aku bukak isi sms- e. Isine, “Hay dhik. Uwis bali durung? Oleh ora yen aku dolan nang omah mu?”

ma 76