Kaca:Sandhal Goreng.pdf/86

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


Hah? Sapaiki sing sms?” batinku. Nanging aku leleh luweh wae.

Ora nyangka lan ora ngira, tekan ngarep omah, Mas Koko wis ana nang kono. Waduh ana apa iki? “Uwong edan ana nang, omahku,” pikirku.

“Ana apa Mas? Kok tumben dolan nang ngomahku?” ta- konku karo keweden.

“Ora apa-apa, Dhik. aku mung arep menehi koweiki,” karo ngomong, Mas Koko menehi aku kotak wujud ati werna pink.

“Apakowepgelem dadi pacarku?” panjaluke Mas Koko karo rada isin-isin, nanging ukarane cetha.

“Wah pancen edan uwong iki,” pikirku.

“Wah, Mas. Nanging, Mas.....Mas...... Mas....rak la- gi... Jagi....lagi.... lara, durung mari. Aku ora bisa, Mas, sanajan praupane Mas nggantheng,” wangsulanku kagok.

“Lha, mosok aku arep pacaran karo wong edan?” pikirku.

Mas Koko mudheng banget apa sing dikarepake dening aku. Dheweke ora lara ati, nanging malah njlentrehake sing satemene.

“Mesthi kowe mikiraku edan, ya. Aku iki waras. Aku duwe kembaran sing jenenge Kaka. Mbokmenawa kowe ora ngerti. Sing edan kuwi Kaka, dudu aku,” kandhane karo swara sing mantep.

“Mosok, ta?” aku ora rada ora percaya.

“Aku wis tresna karo kowe ket mbiyen, Dhik. Wiwit kelas 3 SMP, Mesthi kowe orangerti yen aku iki seniormu? Aku orawani ngomong dhek biyen. Mula saiki aku ngomong,” Mas Kokonjlen- trehake kanthi cetha.

Sawise mikar-mikir lan nyoba nggathuk-gathukke critane Mas Koko, aku wiwitmudheng lan ngerti menawa Koko lan Kaka kuwi pancen watake beda. Wanci SMP biyen, aku galak banget karo sing jenenge bocah lanang. Bocah lanang ing pikiranku kabeh padha nyebahi. Nanging, saiki pikiran kuwi wis rada suda.

Aku mikir-mikir lan nimbang-nimbang, Banjur, karo mesem aku mangsuli.

ma 77 ea