Kaca:Sandhal Goreng.pdf/90

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


sana ing sawah lan tegalan tansah nyenengake, kabeh katon ijo royo-royo, banyu kalenan katon bening lan isih ana iwak banyu kang urip ana jroning kalen. Karo mlaku-mlaku bapak ngendika maneka warna pengalamane rikala jaman semana. Lingkungan sawah ketok asri amarga ana tanggulan gede kang misahake blok- blokutawa petak-petak sawah, miturut Bapak, tanggul mau bekas rel sepur jaman Belanda kanggo ngangkuti asil tetanen utamane tebu. Ambane kira-kira rong meter mapan ana tengahe bulak sa- wah. Bapak ketok semangat nyritakakeriwayate nalika isih timur sajroning mlaku-mlaku bebarengan.

Ana tengahe mlaku-mlaku ora kanyana ketemu karo siwa Cakra, ngendikane bapak aku basane siwa marang dheweke. An- tarane rombonganku banjur mlaku bareng karo siwa Cakra. Ora suwe maneh banjur kepethuk mbah Jiman. Siwa Cakra tindak paling ngarep dhewe, bapak katon ngajeni marang dheweke amarga luwih sepuh, mula siwa Cakra tindake ana ngarep dhewe. Pas kepethuk Mbah Jiman, banjur kabeh pada ngrungokake pangandikane wong loro mau.

“Kowe arep menyang sawah, Kro?” pitakone Mbah Jiman.

“Ora kang, aku arep menyang sawah,” sauté wo Cokro.

Mbah Jiman nuli mangsuli maneh, “Oh, ya wis yen ngono. Tak arani kowe ki arep neng sawah.”

Ngrungokake dhialoge antarane wong loro mau kabeh ban- jur padha ngguyu kepingkel-pingkel. Amarga ketoke ukarane nyambung ning sejatine ora gathuk. Banjur kabeh padha bisik-bisik, Oh yen ngana piyayi loro kae jane wis padha sudo pamirengan.

Aku, bapak, kamas, adik lan uga siwa Cakra banjur nerusake laku nyawang endahing sawah lan tegalan. Sawise sawetara wek- tu banjur mulih amarga wis krasa kesel.

Crita ing antarane mbah Jiman lan siwa Cakra mau dadi kenangan lelucon kang ora bisa tak lalekke. Tekan omah daleme eyang banjur tak critakke marang poro sedulur kang ora melu mlaku-mlaku killing kampung. Kabeh ya padha ngguyu keping- kel-pingkel ngerteni dialoge wong loro mau.


me 81