Kaca:Sandhal Goreng.pdf/92

Kaca iki durung katitiwaca

Wis Kebacut Mlebu

Beti Rin Sari

D A

“Kangmas, ayo mantuk, Kangmas. ........ Kanjeng ratu sam- pundhawuh marang kula. Mangga sareng-sareng mantuk, Kang- mas, “mangkono pangucapku nalika arep ngisi acara pungkasa- ning Lomba Karya Siswa ana ing pawiyatan SMKN 2 Depok Sle- man. Wektu kuwi aku lagi waerampung dipaesi nganggo kebaya kuning emas lan sampur werna oranye, corak Ngayogyakarta.

Aku pancen seneng nari Gabyong, apa maneh Gambyong Pareanom kang swara gamelane laras lan luwes kaya lakune tangan lan pendhaking sikil uga obahing awak,

“Ndhuk, koweki kena apa? Ayo, Ndhuk crita karo Kang Nur, Istigfar...... !”

Mangkono kandhane Kang Nurkaro nampani tibaning awak- kusing wis ora eling ing tangane. Ing kelompok tari lan karawitan iki, Kang Nur kalebu senior. Dheweke alumni PAKS utawa Per- sepsi Apresiasi Kreasi Seni. Aku kalebu anggota Organisasi PAKS sing dadi indhuk saka teter lan karawitan ing sekolahan. Ing sa- wijining acara ing sekolahan, PAKS dijaluki tulung sekolahan men- tasake tari lan karawitan kanggo ngisi acara penutupan LKS se- Kabupaten Sleman.

Sajake Kang Nur kabotan nampani awakky. Dheweke gage njaluk tulung wong papat kanggo nyangga awakku nanging isih ora kuwat. Aku dhewe ora ngerti kenapa aku tansah kentir ing jagading lelembut. Kancaku dhewe kang dadi gerong uga bi- ngung apa maneh yen dhewekelagi ajar bawalagu putraneswan-

ma 83