Kaca:Sandhal Goreng.pdf/93

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


tara, aku mesthi nangis gero-gero tanpa sebab, kaya-kaya tembang uwi ngelingake arang uripe kembang mlathi sing tansah tak ang- go kalung nalika aku njoget.

Gamelan wis ditabuh, swarane saya banter, nglagokake gen- dhing Roning Tawang. Sarampunge gendhing Roning Tawang cudune tari Gambyong Pareanom. Sing mbeksa kudune aku, na- nging aku isih ngglethak lemes. Ing angen-angenku, rasane kaya lagi mlayu-mlayu kaya babi edan. Aku ora krungu swara liyane ajaba swara gamelan kang lagi ditabuh lan swara gerongane Ibnul. Aku mung bisa omong karo dheweke, sajake sukmane kem- ang melathi wis nguwasane ragaku. Banjur, lambeku ngucap, “Kangmas, Kangmas. ..ayo mantuk. ....”

Oraletsuwe, Kang Nurngerti menawa Ibnul uga arep melu- melu kangslupan bojone kembang Mlathi. Kanthi rada bingung amarga weruh kahanan kuwi, Kang Nur mbengok, “Nul... Ibnu... aja.... aja.......aja nganti kebacut mlebu. Wah, parah koweki, Nul.”

Ibnul isih sadhar. Banjur, Kang Nurngambali maneh, “Heh... takandhani, ya Le. Nek wis kebacut mlebu ki angel le ngetokke!” swarane Kang Nur kanthi ngos-ngosan.

Wektune aku mbeksa, nanging aku ora gage-gage manggung, amarga awakku krasa abot banget kanggo ngglawat. Wusanane Mas Ibnul ngandhani kembang melathi sing manjing ing ragaku. Sanajan Mas Ibnul yalagi nahan supaya dheweke ora klebon suk- mane kembang melathi, nanging dikuwat-kuwatke ngadhek lan omong, “Marang Gusti aku bali. Milih endi antarane mati lan urip ing donyamu mlathi? Saderengipun, kula nyuwun panga- punten, Nyai. Raga menika lan raga sanesipun nembe dipun ang- ge mbeksa Gambyong. Pramila, kula nyuwun tulung panjene- ngan medal rumiyin. Kula nyuwun saestu, Nyai!”

Wong-wong ing sakiwa tengene Ibnul padha plonga-plongo kaya kethek ora kumanan gedhang kapok. Lha, piye ora kaget, jebulane Ibnul sing sejatine wong blasteran kuwi bisa basa Jawa kanthi alus, kamangka sadina-dinane isane basa Indonesia. Mba-




me 84