Kaca:Sandhal Goreng.pdf/94

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


wa wae ya lagi ajar, paribasane kaya bayi wingi sore nanging jebule wis wasis.

Krungu panjaluke Ibnul, kembang melathi mau banjurwang- sulan, “Mboten saget. Den Mas Bagus kang wibawane tansah cumlorot ing praenanmu yen angsal kula tumut mbeksa kaliyan raganiki kemawon. Kula naming kepingin tumut mbeksa. ......

Sawise krungu swarane kembang mlathi mau, kanca-kanca banjur rembugan kepriye apike supaya acarane ora bubrah. Ban- jur, kanthi alon-alon aku dituntun menyang panggung. Lagi wae krungu kendhang ditabuh wae awakku wis obah dhewe manut wiramaning kendhang. Ora let suwe, gamelan ditabuh, kabeh padha jingak nonton obahing jogedanku sing luwes gandhes lan preananku katon cumlorot kaya ratu. Bubar mbeksa, aku banjur ngambruk maneh ora eling sinambi ngucap, “Kangmas saged nye- karaken bawa Sekar Putra Neswantara?” Mangkono panjaluke kembang mlathi marang Mas Ibnul.

Gage Mas Ibnul mangsuli, “Mboten. Kula ajrih, Nyai. Kula mboten saget.”

“Wedi karo apa, Le?” pitakone kembang mlathi.

“Ampun, Nyai. Kula ajrih kaliyan parwa panjenengan.”

4


kak

Anggonku klebon wis genep rong dina. Kanca-kanca banjur ngundang dhukun saka desa sebelah. Ngakune dhukun kuwi dhukun kondhang. Dina kuwi aku njaluk dipaesi nganggo kebaya corak Solo. Lan isa-isane dhukun kuwi mbedhek menawa kem- bang mlathi kuwi asale saka kraton Solo, kamangka sejatinesaka gunung Sari.

“Njenengan saking kraton Solo, nggih Nyai?” dhukun kuwi takon karo lambene komat-kamit. Nanging aku ora mangsuli si- nambi tak tinggal njoget terus ora ngrewes pitakone dhukun kuwi.

Mit. ....mit. ... dhedhemitlungoa saka kene..pang numpang numpang anak putu Adham numpang ngentut... ..mit amit amit lunga dhemit ana ndulat-ndulit...Brrrrr...Brrririr.... BrITIT. a.”


ma 85