Kaca:Sandhal Goreng.pdf/95

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


Dhasar dhukun edan. Wis suwi aku mung dinengke waenjo- get ora anarampungelan ora gage ditulungi supaya sukmane kem- bang mlathi oncat saka ragaku. Jebulane dhukun kuwi ngenteni saratdhuwittelung lembaran satus ewu. Kanca-kancaku wis rada cubriya karo tumindake dhukun kuwi.

Mas Ibnul gage marani aku lan mbawa Sekar Putra Neswan- tara karo nangekake awakku.

“Anakku sing bagus dhewe, besuk pintersekolahe. Yen bisa nyambut gawe kudu laku sak mesthine.”

Dheweke bawa karo nyekeli tanganku sinambi ngucap, “Mangga Nyai kula dherekaken kondur sareng-sareng kaliyan garwa panjenengan ngangge iringan Sekar Putra Neswantara lan nitih andhong kencana.”

Bubar ngucap kaya mankini, aku banjur melu nyekar.

“Cup, menenga anakku. Aja pijer nangis wae anakku sing bagus dhewe besuk pinter sekolahe.”

Mas Ibnul lan aku tanpa kendhat nyekarake lelagon kuwi nganti tekan lagon “adhil makmur”.

Sawise kuwi aku lan Mas Ibnul mlaku gandhengan tangan mengidul nyandhak janur kuning ing tangane Kang Nur. Ora let suweaku sakloron ambruk ora eling. Age-age Kang Nurnjupuk wedang putih kanggo ngraupi raiku lan Mas Ibnul sing banjur eling lan kilang-kilong ora mudheng apa sing nembe wae kedade- yan.

mn 86