Peteng Kang Ngemu Wadi
Herlin Umayah
D A
“Kretekk....kreteekk....kretekkk....gluuur !” Papan kang dak pidak ambrol. Njunjung aku lan Bang Jack menyang papan kang peteng. Kang kaya-kaya ora tau kajamah dening manungsa.
“Jack... ..Jack...,” undangku banter.
“Nnnn.. nang kene....,” wangsulane Bang Jack kaya ngam- pet lara.
Dakjupuk hapeku. Sumunaring cahya kang cilik mbedhahi pepeteng kang kaya-kaya ora ana batese. Kanthi sangu senter ha- pe, aku nggremet alon-alon. Aku gumun kok bisa ana papan kaya ngene ing njero perpustakaan.
“Cil....ciiiil. arep nang endi, je?” pitakone Bang Jack.
Aku meneng wae. Pancen, aku lagi rada jengkel karo dhe- weke.
“Hehh.......Bang Jack yang baik dan tidak sombong dan suka menabung, aku ki pengen ngerti panggonan apa iki. Udu arepme- nyang pasar. Dadi rasahepyekwae....,” ujarku marang Bang Jack kang wit mau mung celak-celuk jenengku wae. Bang Jack mung cengingas-cengingis krungu grundelanku.
“Yawis tak golek dalan metu wae. Kana gek latiyan detektip- detektipan. Arep tiru-tiru Conan Edogawa pa piye? Gek uwis kana, malah meneng,” ujare Bang Jack banjurjumangkah nglungani aku. Nasak peteng kang sepi.
Paswektu iku. Mripatku weruh orek-orekan aneh ing tembok.
mn 97