Kaca:Sandhal Goreng.pdf/97

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


“Bhk sasa , Jack. Iki.....,,” ujarku ora rampung. Bang Jack bali nekani aku. Bareng dak waspadakake maneh, kok kaya-kaya aku wus tau tepung karo huruf-huruf iku.

“Ha. suba. Dasa Cil.....Cil. Iku pelajarane Sensei ta? Njajal wacanen. Iku, mah huruf Hiragana Katakana..,” Jack ngguyu nggle- ges.

“Hemmm ..... Nippon no okori 0 chinme yo. Redakan Kemarahan Nippon,” ngono unine tulisan mau.

“Apa, ta artine?” pitakone Bang Jack.

“Lah kok takon aku. Takon marang sing nulis kana. ....”

“Gah... kurang gawean. .....,” ujare Bang Jack mangkel. Aku meneng.

Sawetara wektu aku lan bang Jack padha meneng karo ngra- sakake samubarang kang ditemoni ing papan kuwi.

Lamat-lamat dak rungok-rungakake, kok kaya ana suwara- suwara kang nganeh-anehi.

“Ehh.....Jack....Jack......ssuuttt..... Meneng! Rungakno ta!”

“Hoa... hoa... heemmm., Erpecto... .Erpecto. Go arimashu.... Go arimashu.”

Dak sawang Bang Jack. Raine bingung. Ing atiku, aku nggu- yu sakjane. Raine iku kok suwe-suwe kaya badhut.

“Cill.....sapa kae?” pitakone Jack.

Bang Jack nggandheng aku. Mlaku alon-alon nekani suwara aneh mau. Dak tarik tanganku. Banjurndhelik ing mburine Bang, Jack kang kaya cagak listrik. Bang Jack mandheg, Sesawangan kang kagelar ing ngarepku lan Bang Jack banget nggegirisi.

Ana wong tuwa kayane wis simbah-simbah kang.....ahh.... Aku ora bisa nggambarake kaya ngapa dheweke. Wus sandhanga- ne ora karuan, rambute, brengose, jenggote uga dadi siji. Putih awut-awutan. Nanging,kang saya ngenes maneh, mbah tuwa iku laginyembah-nyembah sawijining tengkorak menungsa. Cahya- ning geni saka obong-obongan kayu sakngarepe pawongan mau saya nambahi wingit lan nyalamadine panggonan iku.

“Glodhakk....”


ma 88