Kaca:Sandhal Goreng.pdf/98

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


Aku saya ndhredheg krungu suwara mau. Kang kanyatan saka papan kang ambruk, amarga dak senggol. Aku mepet tem- bok. Bang Jack dak tarik mundhur. Dak goceki tangane. Anyep.

“Themlek.... Themlek....themlek.....” swara iku kaya raja pati kang arep ndhudhut nyawaku. ora ana maneh wektu kanggo mlayu.

“Sapakuwi hehh...... |” getakewong tuwa mau. Aku wis wedi banget. Saya kenceng anggonku nggegem tangane Bang Jack. Ing wektu kaya ngono, kok ya bisa-bisane atiku dheg-dhegan, amarga awakku karo Bang jack cedhak banget. Bisa dak rasakake awake Bang Jack kang anget. Kayane aman ana nang cedhake.

Lamunanku buyar. Wong tuwa mau saya cedhak kurang luwih, dheweke ngadeg rong meter saka panggonanku.

“Hehh.... kowe wong loro. Gelem metu apa ora? Pilih metu saka anggonmu ndhelik apa ora bisa metu saka panggonan iki sa- lawase.....?” pangancame wong tuwa mau kanthi swara kang se- rak.

Bang Jack maju nyedaki pawongan tuwa kuwi kaya-kaya kena hipnotis. “Welah edan pa piye uwong ki? Kok kaya kutuk marani sunduk,” batinku gumun karo tumindake bang Jack.

”Ha....ha... Precil-precil jirih. Wani-wanine ngganggu aku...... Mrene....!” getake mbah tuwa kang saya suwe saya angker.

Akusaya ndhrodhok. Nanging, amarga saka wediku lan pa- ngancamekang nggegirisi, kepeksa aku nuruti kekarepanewong, tuwamau. Aku sakloron banjurmelu menyang panggonane wong tuwa mau. Basan aku sakloron melu, kaya-kaya praupane lan keangkerane wong tuwa mau rada suda. Dalan mlebu ing papane wong tuwa kahanan nyenyet, ditambah ambu pesing kang ngi- thik-ithik irung, saya gaweaku arep mutah. Ing nyenyeting swa- sana, dak wanek-wanekake takon karo wong tuwa mau.

“Nyuwun ngapunten, panjenengan menika sinten...?” pita- konku kaya bocah cilik kang lagi nggregeli kaweden.

Wong tuwa kuwi nuli noleh menyang aku. Mandheg saka lakune. Dheweke unjal ambegan. Mripate wis katon sayu lan ora


ma 80