Kaca:Sandhal Goreng.pdf/99

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


nuduhake rasa murka lan sengit marang aku. Sajake pitakonku kuwi ngelingake marang kahanan sing kudu dicritakake marang waong liya.

Rada suwe dhewekenrawang ing awing-awang, kaya-kaya lagi nglumpukake cuwilan-cuwilan lelakon sing wis kapotheng- potheng dening jaman. Sawise kuwi, dheweke banjur omong, “Akuwis lali..... sapa sakjane janengku. Jaman biyen. Jaman penja- jahane Nippon. Akeh warga kang nggawe gorong-gorong kanggo ndhelik menawa ana Nippon.....”

“Wektu iku aku isih cilik, mbokmenawa saumuran kowe, Ndhuk. Aku agi ngombeni wedhus. Saka adoh, Bapakku mlayu- mlayu karo bengak-bengok. Nippon ngamuk... Nippon ngamuk.” Tanpa mikirmaneh, aku mlayu mlebu ngomah, tumuju panggonan iki. Bareng dak rasa wis aman. Aku lagi wani metu saka kene. Ananging, sesawangan kang ana ing ngarep mripatku wus kaya donyaiki kiamat. Omah-omah ambruk. Bapakku gumlethak ana ing sacedhaking kandhang wedhus gubras getih. Dak rasa eluhku mili banter. Dak cedhaki jisime bapakku. Aku nangis gero-gero, mangkel nesu nanging ora bisa tumindak apa-apa. Wektu kuwi kabeh warga desa uwis padha ngungsi...” “Sak bisaku, jisime bapak dak kubur ing sacedhake omah. Aku terus bali menyang kene. Mung metu menawa butuh pangan. uwiwae mung wayah wengi. Nganti sakiki aku isih nang kene. Aku sakiki uwis ora Dhuwe sapa-sapa kang bisa menehi pangjli- pur atiku. Lan urung suwe iki aku kangen karo bapakku, mula tengkorake takjupuk saka pasareyane tak gawa mlebu ing papan iki kanggo kanca....,” mangkono pungkasane crita wong tuwa uwi kanthi mbrebes mili.

Swasana dadi nyenyet sawetara. Dak rasakake, eluhku uga mili krungu cerita mau. Dak sawang raine Bang Jack kang uga aton bingung. Tangane Bang Jack dak rasa gemeter ngranggeh pundhakku. Dheweke banjur mbisiki aku, “Cil, dalane bali kok ora katon. ..... ii



me 90)