Kaca:Sapu.pdf/182

Kaca iki wis divalidasi

SAPU


Satemene dolanan Jawa isih bisa dilestarekake. Wiwit cilik dolanan Jawa iku kodu diajarke ing sekolah taman kanak-kanak utawa PAUD. Diwiwiti saka ajar nembang dolanan Jawa sing gampang ditampa dening bocah sing lagi seneng dolanan. Aja langsung dikenalake karo dolanan modheren sing marakake kecanduan, contone play station. Diwiwiti saka bab sing sepele, mengkone bisa dadi kebiasaan lan nuwuhake perubahan gedhe. Dolanan tradhisional Indonesia disenengi karo anak-anak ing Jerman. Wong manca negara bae seneng budaya Indonesia, nanging wong Indonesia dhewe malah nyingkiri budayane dhewe, kayata dolanan tradhisional.

Ing Yogyakarta ana usaha kanggo nglestarekake dolanan tradhisional kanthi ngedepake kampung dolanan ing Pandes. Ing koko padha nggawe wayang lan payung kertas, kelonthong,

othok-othok. Dolanan mau digawe dening para ibu sing yuswane wus han taun. Ibu-ibu mau cacahe 7. Penggagas kampuing dolanan iku asmane Wahyudi Anggoro Hadi. Miturut caritane, madege kampung dolanan ora uwal saka saka paraga asma Nyai Sompok, keturunan saka Majapait. Rawuhe Nyai Sompok ing dhusun Pandes banjur nyebarake katrampilan gawe dolanan anak. Tekan taun 1980-an, pendhudhuk padha nekuni profesi gawe

168