Kaca:Sapu.pdf/185

Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

celup utawa saserangan utawa bathik kang digawe nganggo cara dijelujur banjur digeret lan ditali.

  Bathik tulis iku nduweni rega sing paling dhuwur dibandhingake bathik-bathik liyane. Jaman saiki bathik ora mung dinggo gawe jarik lan busana tradhisional, nanging bathik ing jaman saiki akeh variasine. Bathik kondhang tumeka manca negara. Para priyayi-priyayi kang kreatif nyiptakake pakean modern saka bahan bathik. Mula jaman sail akeh wong manca negara sing golek bathik ing Indonesia senajan regane larang. Slendang bathik sing ukurane sameter regane rongatus seket ewu. Saupama bathik kuwi mau luwih akeh diasilake mesti masarakat sing gawe gampang golek kasil kanggo kebutuhan sedina-dina.

  Para pemudha jaman saiki ora patiya nggagas bathik, carane gawe bathik, asal mulane bathik, lan dhaerah-dhaerah ngendi wae sing ngasilake bathik. Akeh para pemudha sing ora gelem ngembangake bathik, padahal wong sing ing luar negri pengen banget ngerti apa iku bathik, piye carane gawe lan bentuk apa wae sing bisa dihasilake.

 Ing manca negara akeh bathik gawean Indonesia. Ora mung amarga endah, ananging uga amarga regane kang bisa nyaingi nega sandhangan-sandhangan liya. Mula saiki bathik kerep digoleki. Jaman saiki kain bathik ora mung dianggo gawe pakeyan hanging uga dianggo gawe barang-barang liya, kayata tas, slendhang, taplak, kacu, sandhal, sepatu, jepet, lan liya-liyane.

 Bathik ora bisa diremehake maneh, amanga bathik iku wis dadi barang kang istimewa. Bathik kang endah mau digawe nganggse perasaan lan ketulusan. Saka kain putih polos bisa dadi kain kang endah lan maneka warna bentuk lan kreasi. Asah pikiran, seneng maca, seneng golek informasi, lan nyoba gawe kreasi-kreasi sing durung ana bisa nyiptakake motif anyar. Saka motif kuwi mau bisa nambah koleksi bathik Indonesia. Coba, bisa ora mibathik ing media liya kajaba kain? Bisa, mbathik ora kudu ing kain ananging uga bisa ing media liyane kayata meja, kursi, lemari, lan liya-liyane. Nanging yen mbathik ing meja, kursi, lan

171