Kaca:Sapu.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Nalika ragamu tan katingal
Sliramu tinemu ngakal ora wajar
Pathok ilang ndonya digombrang
Paduka bakal sirna sakedhep mata

Mlengkung pangrasaku iku panggonmu
Bisa dhawah kira-kiraku salah
Nemplok cemanthel gumantung
Palila-lila kebendung cupete pikir

Sang Hyang Widhi iki pancen ampuh
Kuwasa ndelengake lintang
Uga bisa ngilang lan ndhelikake lintang
Umpamane kuwawa aku mesthi uga bisa kaya sliramu

20