Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/118

Kaca iki wis divalidasi

— 116 —

  1. Ati manguni ( thinthil ), rupane putih semu abang, Kaprenah sangisoring susu kiwa buri, gathuk limpa lan paru2.
  2. Ati pusuh ( limpa ), rupane ijo semu abang. Kaprenah ngisor susu kiwa let satebah malang.
  3. Ati jantung, rupaue abang wungu, kaprenah ing dhadha bener kang legok rada ngisor, ya kang kumringet.

Kajaba kang kapratelakake ing angka 1 tumeka angka 9 ing nduwur uga mahanani anane jerawan, kabeh iya saka jantung kawitane. Wondene kang bareng dumadine jeroan, iya iku banyu2 apa dene cecalone balung2.

Mungguh cecalone balung iku diarani sungsum. Sungsum iku kedadean saka mani nalika kataman ing pepanas. Bareng tumekane kataman daya adhem temahan njendel mujudake reragangane sarira. Dene kang minangka cocithakane ragangan mau saka serat sorote Pramana.

Ing wektu iku serat sorote Pramana wis kalimputan ing kaanane sungsum. Serat sorote Pramana bareng wis kalimputan ing sungsum banjur diarani Suksma. Sungsum kang suwe2 kena daya panas lan adhem wekasan dadi akas, temahan kumulit. Mungguh kaanane sungsum ing sadina-dina ora kendhat anggone kejogan saka mani. Ing kono njalari bisa semi, tembusan dadi otot-otot sapanunggalane. Iku kang dadi kekuwatane sarta kencenging kulit sarta daging, lan minangka pikuwatan adon-adon sambungane balung. Samektane ragangan iku kabeh saka Pramana saya tanbah antepe, temahan tumiba ing Ngarcapada. Ana ing Ngacapada sari kang padha mesat menyang gegana nahanani dadi lidhah, kilat kalawindha nglimputi. Pramina banjur pecah. Pepecahane sari temahan pithathit sapanunggalane Sarirane sari kang nglimputi Pramana, babar dadi sarira dhampit, kang tegese dhempet utawa pipit. Bareng kena dayaning panas tumuli kawawa pisah maujud dhewe dhewe agatra lanang lan wadon. Ing kono banjur asesilih aran "Hapsara lan Hapsari". Hapsara kang lanang Hapsari kang wadon.