Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/17

Kaca iki wis divalidasi

— 16 —

  1. Dipirid saka blegere, prabote cucuk, gulu, awak, buntut larswiwi - sarwa dawa / landhung.
  2. Wulune gilap.
  3. Cekelane ambles,
  4. Wangune cucuk nglombok jemprit-dawa, lempeng lan merit - pucuke mbengkuk sethithik.
  5. Mripat amba mendolo.
  6. Dhadha jembar Luwih becik maneh yen nganggo nggandul.
  7. Lakune kaya lakune bebek.
  8. Sisik cakar ora pecah.
  9. Supit kaku. Iki unine banter.

Istilahe; swarane mbuwang (= keprungu saka kadhohan) Liya saka iku:

  1. Driji sikil loro semu putih, arane: Sri Mangepel utawa Sri Sandana. Becik diingu ing wong sing olah tetanen. Wateke tulus kang sarwa tinandur, subur wetune pari.
  2. Mripat kuning sumorot, aran : Marcu - jiwa. Wateke: sing ngingu agung rejekine sarta diluluti ing sapepadhane,
  3. Mripat sumorot kaya mirah, sing ngingu disihi ing akeh sarta dieringi ing liyan.
  4. Muni wektu sore, aran; gedhong minep, wateke becik.
  5. Muni wektu esuk, diarani; gedhong menga (tekane rejeki) Wateke becik.
  6. Manggung sungsun (sundha) aran: Sidasana serengga. Angsare: sabarang karepe sing ngingu dadi becik.
  7. Manggung ing tengah wengi, watake: ana daulat tumekane kabegjan.
  8. lsp. - mriksanana buku katurangganing manuk kutut.

 Sakabehing kewan kang diingu, becik diudi/direksa, bisane awake waras. Luwih 2 tumrap manuk kutut. Kurungan, wadhah pakan lan omben kudu kerep diresiki. Kala2 kudu dijamoni.