Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/27

Kaca iki wis divalidasi

— 26 —

Barang2 asil kerajinan iku dipamerake ora mung supaya dideleng ning uga kena dituku, endi sing dibutuhake. Sugih tuma, jaring tuma (suri) ana. Sing doyan ngrokok, butuh pipa,..! Apa sing (saka) balung, sungu, gadhing, apa sing saka kayu. Kari milih.

Kesel mubeng2 nenonton... kari menggok, njur lenggah Ngersakake dhahar, apa mung ngunjuk, ngiras ngirus ngilangake sayah. Unjukan werna2. Dhawet Ponorogo ya ana. Dhaharan ya werna2. Apa dhaharan cap angkring, apa sing masakan restoran, sing rasane enak2. Restoran gedhe cilik okeh. Arep mblendhukake weteng,..klakon. Waton dhuwite cukup.

Pancen kramean Sekaten iku sawijining hiburan rakyat sing wigati, sing ampuh. Luwih2 tumrap para mudha. Terkadhang kala2 kaya2 rumangsa wegah mulih. Saya yen mbeneri udan widadari, sing agem2ane maneka warna. Ana sing aklambi kuning, ana sing aklambi jambon, abang, ijo, biru lspne, miturut senengane dhewe2. Mengkono uga slendhang utawa sentiere Nganggo rinengga ing sosotyadi pating galebyar, amimbuhi sulistiyaning warna/rupa. Ora jeneng kladuk, yen diucapna akeh widadari dharat, utawa „udan widadari".

Ana ing Sekatenan wong ora mung oleh kalodhangan bisa makani mripat, ning uga kanggo makani ati. Ati susah digawa mlebu ing Sekatenan, sanalika bisa lipur. Hati patah, bisa nyathok „harapan baru".

Ing pamuji muga2 ing jaman saiki bakal bisa muncul maneh : kramean Sekaten" kaya jaman wingi2,

Bangunan darurat sing kanggo enggon tontonan2, toko2, restoran² lspne iku kang yasa Pamarentah Kepatihan (Kasunanan). Kang padha manggon cukup mbayar sewan.