Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/32

Kaca iki wis divalidasi

— 31 —

Kang njajari ana ngarep gunungan abdi dalem canthang balung karo jejogedan, kairing gamelan dipikul, ditabuh gendhing cara- balen. Satekane ing masjid gedhe, sarampunge didongani, ana endhog, opak, terong lspne sing kanggo ngrobyong² dirayahake ing plataran Masjid. Mung kang awujud sega sapirantine, diparingake marang para Bupati lan para penggede kang nindakake kuwajiban ing dina Bakda iku.

Abdi dalem canthang balung lan para Bupati sapanekare kang padha grubyug gunungan banjur bali menyang pagelaran, Ora antara suwe keprungu unine drel, ya iku unine bedhil sinambung unine mriyem telung rambahan. Samenenge drel ingkang Sinuhun jengkar, kondur angedhaton. Pasowanan bubaran.

Ing ngarep wis diterangake, yen kramean Sekaten dipungkasi ing tanggal 12 Mulud/Rabingulawal Dina iku tiba dina wiyosane K. Nabi Muhammad s. a. w. Dadi Sekatenan, mengku karep uga ngurmati dina wiyosane Kangjeng Nabi. Kaya mengkono iku pancen wis dadi pagedhongane kang kagungan moga. Mula bukane mung awujud unining gamelan kang tinabuh ing plataran Masjid. Iku mijil saka usule njeng Sunan Kalijaga, ing musyawarah agama, kang dianakake dening Kraton Demak duk ing kuna. Usul ditampa, banjur katindakake, lestari nganti saiki.



---0O0---