Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi

- 34 -


 1-8.   Demang kandhuruan : watake padha kerep lara.
 4-10. Mantri Sinaroja : watake nemu bungah lan seneng.
 3-9.  Sanggar Waringin : watake nemu harja + seneng.
 5-4.  Menjangan ketawan : watake gelis pisah + nemu susah.
 6 12. Nuju pati : watake enggal mati salah siji.

e. Dina tali wangke.
Sarampunge janggone norangake bab watake sasi lan dina, dina, disambung rembuge tanggane kang melu linggihan Nerangake sa si kang ana dinane tali-wangke ya iku:

  1. Sasi pasa , dinane taliwangke : Jumu'at Kliwon.
  2.  " Sawal,  "   "     : Setu Legi.
  3.  " Sela,     "   "     : Seuen Paing.
  4.  " Besar,  "   "     : Slasa Pon.
  5.  " Sura,     "   "     : Kemis Kliwon.
  6.  " Sapar, ora ana dinane taliwangke.
  7.  " Mulud, dinabe taliwangke : Jemu'ah Legi.
  8. Sasi Rabingulakir , dinane taliwangke : Saptu Paing.
  9.  " Jumadilawal,  "   "   : Senen Pon.
  10.  " Jumadilakir ,   "   "   : Slasa Wage.
  11.  " Rejeb    ,  "   "   : Rebo Kliwon.
  12.  " Ruwah    ,  "   "   : Kemis Legi.

Murih raharja ing uripe, yen lelungan lan nitisake wiji aja mbeneri dina taliwangke. Warile ora becik.
Dene becike dina taliwangke iku kanggo miwiti gawe pager, wa teke slamet.

Tangga liyane nyambungi, nerangake bab tibane wahyu Ila-Ilatul Kadri. Ing sasi Pasa wiwit tanggal 17 akeh wong mlaku2 ing wayah bengi. Perlu arep nyumurupi tumurune wahyu Ila-Ilatul Kadri Miturut pangandikane para leluhur ing jaman kuna, tumurune wahyu mau ana pathokane, ya iku tibane tanggal sepisan sasi Pasa ana ing dina apa Yen tibane tanggal sepisan ana dina :