Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/55

Kaca iki wis divalidasi

- 54 -

 Ing kutha Sala uga ana papan kang kanggo plesiran angenggar enggar ati. Papan mau dening umum diarani Kebon Raja, utawa Sriwedari mapane ing kidul dalan Slamet Riyadi. Ing kono papan jembar isi tanduran kekombangan lan kewan-kewan. Kebon Raja iku dadi papan hiburane tumrap, rakyat. Tontonane sing ajeg (permanen) wayang wong lan gambar idup. Saliyan dina Ngahad maine sore/bengi. Yen dina Ngahad rame banget. Akeh wong saka sajabane daerah Surakarta kang padha merlokake nonton.

 Ing sasi Pasa ing Kebon Raja dianakake kramean Maleman. Resmine wiwit malem tanggal 21, nganti tumeka dina Bakda riaya. Yen nuju Maleman tambahe bangunan akeh banget. Kanggo enggon tambahan tontonan warna-warna, toko2 restoran2 lan warungan. Tau uga diaranani pameran asil kerajinan rakyat; Tontonane warna-warna kaya ta: Reyog Panaraga, Ledhek slompret, doger, wayang wong, gambar idup, kethopiak, ludrug, sandiwara Ispne. Saben malem selawe mesti dianani main (kembang) api. Kerep uga Kebon Reja kanggo enggon Pasar Malem, sing sipate golek dhuwit. Sawetane Kebon Raja ana omah gedhong kang diarani Museum, kanggo ayimpen barang2 lan buku2 kuna. Yen sumedya arep nonton lumebu Kebon Raja lan lumebu gedhong Museum kudu mbayar. Mungguh kang disimpen ing Museum awujud barang warna warna, kaya ta: tumbak, pedhang, tameng, keris, diyan, dhuwit kuna lan liya-liyane kalebu canthike prau saka kaya diukir adhapur raine buta nganggo rambut, kang diarani Kyai Raja Mala. Miturut dedongen, Kyai Raja Mala iku yasan Dalem Ingkang Sinuhun Paku Buwana V, wektu isih Jumeneng Pangeran Adipati Anom. Panggarape wiwit bakalan nganu dadi, diasta dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom piyambak. Bareng canthik lan praune wis dadi, banjur kagem praon ana ing Bengawan karo ingkang rama, Ingkang Sinuhun PB IV, sekalian Prameswari Dalem Kanjeng Ratu Kencana Wungu. Saka kepareng Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom anggone praon nganggo lelangen santi swaran (bokmenawa saiki diarani "Laras Madya); Kanti digerongi dening para abdi dalem wiraswara