Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi

— 75 —

    .
  1. Bangsal bujana; ingkang iring kidul kangge papan maringi segahan dhahar sasaminipun dhateng para pandhereki pun tamu Agung ingkang sowan ing Kraton.
  2. Bangsal Pradangga; ingkang tengah panggenan ngungelaken gamelan, bilih ing Kraton wonten damel (kaperluan)
  3. Bangsal ingkang ler papan panggenan ngungelaken muziek utawi strijk orkest, bilih ing Kraion wonten damel.
  1. Sasanaprabu; punika panggenan kantoripun ingkang Sinuhun. Dene prenahipun Sasanaprabu punika wonten sakidul ipun Parasedya. Wondene kantore wakilipun Ingkang Sinuhun kaprenah saleripun Parasedya.
  2. Gedhong gedhong ingkang ngubengi Plataran kangge kantor ingkang nindakaken kaperluan Kraton.
    1. Sasana Wilapa kantor Sekretariat.
    2. Panti Wardaya kantor Perbendaharaan.
    3. Reksa Hardana Kantor Kas Kraton.
    4. Bale Kretarta kantor Perlengkapan.
  3. Miturut pengetan, Panggung Sangga Buwana ing dinten malem Jumuah tanggal 22 23 Mulud 1886, utawi tanggal 18/19 Nopember 1954 wanci jam 24.00 kabesmen (kobong).

Wiwitipun kabesmen saking Payon Tutup saji (pucuk) Dene kabesmenipun. saking latu punapa, boten saged kasumerepan, boten saged mesthekaken (nemtokaken), Panggung Sangga Buwana ing saderengipun kabesmen, bagean ing nginggil kawastanan Tutup saji. Ing ngriku wonten tromol bleg, tumumpang ing meja pesagi, ingkang kaapit-apit ing kursi kalih. Miturut dedongengan tromol wau isi pangagemanipun Kanjeng Ratu Kidul. Sadhiyan kagem santun, bilıh rawuh ing Kraton. Nalika sugengipun Kanjeng Ratu Pembayun putri Dalem Ingkang Sinuhun Paku Buwana VII (ingkang wadat boten kersa krama) prasasat saben wulan kamirengan suwantening kenthong gobyog (kenthongan kaungelaken ing pundi2 panggenan), ingkang kawastanan "Lampor". Inggih lampor wau kangge tandha rawuhipun Kanjeng Ratu Kidul. Ingkang manggihi rawuhipun kanthi kaalusan (nguarohsukma) Kanjeng Ratu Pembayun.