Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/9

Kaca iki wis divalidasi

— 8 —


 Yen ana kenthong tandhe bebaya, disambung dening unine bendhe ing omah gerdhu kang cedhak lan kenthongan ngendi bae kang krungu. Upas malem sing jaga lan wong² kampung banjur padha marani papan wiwitane kenthong, perlu layat utawa tetu- lung. Tumrap bangsane kadurjanan, upas malem nggawa cang- gah lan granggang. Dene wong² pekampungan nggawa pedhang, tumbak lan obor. Tumrap bebaya kobongan, upas malem ngga- wa ganthol Wong² kampung nggawa pedang, bendho lan gan- thol. Pedhang lan bendho kanggo negori lan nengkel² wit ge- dhang. Gedeboge di uncal² ake ing geni kareben mati. Dene gan thol kanggo nggantoli perangane omah sing durung kobong. di- pisahake saka ing geni, supaya geni ora mremen. Wong² kang omahe cedhak karo kang kobongan, pada menek ing empyake o- mahe dhewe². Padha nggawa gombal sapepadane, ditelesi nganggo banyu. Yen ana geni tiba ing payone omahe, banjur digepyok nganggo gombal, kang ditelesi mau supaya mati.

 Panabuhe bendhe lan kenthongan sing kanggo tengara jam manut unine jam gentha ing Panggung Sangga Buwana, sing swa rane gumontang, keprungu ing ngendi-endi papan.

 Miturut pranatan Pamarentah duk semana, wong² lelungan ing wayah bengi kudu nggawe ting cilik utawa upet disumet. Upet iku digawe saka mancung garing dithuthuki nganti empuk, men gampang disumet

Ing wayah lingsir wengi wiwit watara jam telu tekan jam 5 esuk, akeh obor lumaku urut²an Iku obore bakul² saka ing de- sa, menyang pasar sajroning kutha Sala. Lakune kanthi sesindhenan warna², agawe regenge dalan² kang di liwati.

Kaanane rakyat.

 Ing jamane Mataram Islam nganti tekane Kartosuro, lan u- ga nganti tekan ngalihe kraton menyang Surakarta, carane ngang- su kawruh utawa ilmu beda karo jaman saiki.