Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/99

Kaca iki wis divalidasi

- 97 -

Kyai Wangsa: lya prayoga. Nanging luwih dhisik kowe dak jak mubeng2, nonton kaanane pucak dalah sakiwa tengene, dimene mundhak sesurupanmu Mengko yen wis kemput anggone, nitiprik sa, kowe bakul dak dongengake riwayate sing seckawit maratapa ana kene. Saiki ndelenga keblat papat sakubenge, mungguh kaindahane Alam gumelar, kang tinitahake dening Gusti kang murbeng jagad.
Jaka Lelana ugi mituhu ningali keblat sekawan Kawontenan sakubeng ing pucak ingkang tiningalan saestu damel lam-laming raos Satemah saya ageng kapitadosanipun, bilih namung Allah piyambak ingkang weaang amurba tuwin amesesa alam donya dalah saisen-isenipun. Saya anengsemaken malih nalika piyambakipun nyumerepi ngalempakipun ampak-ampak ing iring ler lan wetan, tebih saking Arga-Dhalem, ing salajengipun dados mega pethak sami mlampah urut urutan kaprenah sangandhaping redi, purugipun mangile
Kyai Wangsidriya nudingi mangandhap kaliyan wicanten ngGer, mara delengen lakuning mega sing urut urutan sangisoring gunung kae. Kajaba becik sesawangane, aku lan kowe iki rak kaya Raden Gathutkaca sajrone crita wayang purwa. Lire wis ngrasakake turu ana sadhuwure mega malang.
Jaka Lelana: Inggih, kasinggihan ngandikanipun bapak.
Kyai Wangsa: Wis ayo saiki ngetutna aku, daktuduhake patilasan2 kang ana sakiwa tengene Arga Dhalem kene.
Jaka Lelana: Mangke rumiyin, Pak. Kula taksih dereng telas2 pangungun kula, dene kawontenanipun Arga Dhalem kok benten sanget kaliyan nalika dipun tingali saking ngandhap. Katingalipun Saking ngandhap mencu kados tumfeng, nanging kawontenanipun kok jebul bawera.
Kyai Wangsa lya pancen bener mungguh kandhamu iku. Mungguh kaanan ing Arga Dhale n iku yen diemper-emper pepetane kaya Siti Inggil ing Surakaria Mara tamatna, wewatesane mubeng kagawe saka watu tinata tharik-tharik. Saka papan kono dalane mengisor nganggo undhak-undhakan uga sa ka watu, tumeka papan kang ana bangsale kang dipayoni lan digebyogi seng Saya nggumunake maneh, dene sangisore Arga Dhalem ora ana wit witan kang gedhe lan dhuwur. Kabeh padha racak endhek tur ora ana godhonge. Mung ing Arga Dhalem dhewe kang kethukulan wit kang gedhe lan dhuwur.