Kaca:Sekar Melathi.pdf/100

Kaca iki wis divalidasi

langit Majapait sinawur mendhung
sapa sing gumedhung
ngglundhung

wis dadi bejamu Minakjingga,
sira diecap budi candhala, pengin
njongkeng kawibawan

log lembarane mega klawu
sirahmu dadi bebanten
minangka bukti katresnan

Nginden Kota, 1995


(kapethik saka antologi Layang Saka Tlatah Wetan, karya Widodo Basuki, 1999)

3. Nulis geguritan iku kapriye?

Geguritan iku sawijining kagunan(karya seni)sing didhapuk saka tembung-tembung pinilih. Mala, nulis geguritan iku ana sarat-sarate, upamane:

  1. Sregep niteni, sinau, lan seneng maca, tetakon karo sapa bae supaya bisa oleh idhe anggone arep nulis geguritan.
  2. Sinau basa Jawa lumantar ngrungokake wayang, kethoprak, Isp, saka kaset/radhio/teve, nonton pagelaran.
  3. Nulis geguritan (puisi) iku beda karo nulis gancaran (prosa). Nulis geguritan iku nganggo basa sing sinandhi, perlambang, utawa basa sing ora langsung (era sawantah). Basa gancaran iku panulise langsung (tanpa tedheng aling-aling) lan asring tanpa lambang-lambang, utawa nglegena/lumrah. Tuladhane mangkene:


basa gancaran
Wiwit isih bocah cilik, (aku) tansah ngalanti ora kepenak, kerep nemu cilaka

86

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005