Kaca:Sekar Melathi.pdf/101

Kaca iki wis divalidasi

basa guritan (puisi)
Cilik mula, uripku tansah ketula-tula ketali

basa gancaran
Kekarepan kang ora becik, Manawa diuja, bisa njalari rusaking uripe
basa guritan (puisi)
Sedya ala, yen den-uja, bisa mbabar dadi rubeda kang ngreribedi

basa gancaran
Saiki wis tuwa, umurku wis luwih saka setengah tuwuh

basa guritan (puisi)
Saiki aku wus tuwa, mungguha srengenge, wis adoh saka pletheke, cedhak marang surupe

basa gancaran
Tiyang estri ingkang jembar wawasanipun, adatipun saged nyukani wewarah

basa guritan (puisi)
Watak wantoning pawestri sugih wawasan, wasis asung wewarah

    4. Ladhan nulis terus tanpa wedi kleru utawa disaruwe elek asiling tulisan.
    5. Ngirimake geguritan menyang majalah basa Jawa.

Nulis geguritan iku nyenengake. Bisa kanggo ngasah pamikir, rasa, lan jiwa. Bangsa sing seneng sastra, bisa kasebut wong sing kajen ing madyaning bangsa-bangsa liyane. Bangsa sing tuna sastra (seni) mesthi dadi bangsa sing ora kajen. Nyinau kasusastran Jawa,

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi

87