Kaca:Sekar Melathi.pdf/20

Kaca iki wis divalidasi

Cahyamu,
mancarake katentreman
nyunari ati iki
kang nandhang kasusahan

Lintang-lintang pating krelip
sajak arep nggodha
nggodhaaku
ing wengi kang endah iki

Ing kono lan kene
kabeh katon padhang jingglang
amarga cahyamu
nuntun lakuku
ing dalan kang padhang


SANDHAL JEPIT

Sliramu dianggo lemek suku
lan kanggo njaga supaya ora kena paku
tanpa sliramu aku mesthi nesu
amarga kowe diprelokake
marang sapa wae
Saben dina,
saben wektu,
sliraku diidak-idak lan dijepit
ananging awakmu
ora nesu
marang sapa wae
kang tumindak kaya iku

Dhuh sandhal sliramu pancen diperlokake

6

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005