Kaca:Sekar Melathi.pdf/23

Kaca iki wis divalidasi

DEVI NUGRAHENI

SMP Negeri 1 Cangkringan

DHUH GUSTI

adhuh Gusti Ingkang Maha Asih
mugi karsa paring sih wilasa
mring kawula ingkang sekeng
sekeng ing budi luhur
ugi sekeng manah kang suci
ngrasuk tindak kanisthan
kelut tindak Input
kapilut murka duraka
andhap asor asih tresna dipun sirik
nguja karsa priyangga

adhuh Gusti.
menapa malih ingkang kedah ditindakke
menapa malih ingkang kedah diaturke
rikala bantala menika geger
nalika janma manungsa sami kurang ajar

dhuh Gusti...
panjenengan ingkang ngertos wewadi
menapa inggih kedah ngaten niki
kahanan bumi kadya gabah den interi
jaman menika
mokal wonten pemimpin prasaja
napa malih jujur wicaksana
sedanten sami mbujung bandha donya

dhuh Gusti...
mbok inggiha paduka paring emut
supados sedanten sami nurut
ing margi ingkang leres

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005____Sekar Melathi 9